BOB Jogja Sunset Run langkung Meriah

BANTUL-Jogja Sunset Run ginelar malih ing Laguna Depok, Parangtritis, Kretek, Bantul, Setu (29/6) kanthi tagline BOB Jogja Sunset Run. Rerangkening acara dinten tangap warsa padintenan Jogja kaping-11 menika langkung meriah saking taun wingi. Pasartanipun langkung kathah dumugi 1.520 priyantun, napa malih pasarta njaban rangkah, antawisipun Malaysia lan Singapura.

 

Pasarta boten namung atlet lari, ananging lare-lare ugi kathah amargi pancen Jogja Sunset Run mboten namung lomba olahraga ananging ugi preinan kangge kulawarga. Dados mboten sekedhik pasarta ngajak peputranipun. Lomba mlajeng kategori gangsal kilometer (5K) ugi 10 kilometer (10K) menika dipunlukar dening Direktur Utama Badan Otorita Borobudur (BOB) Indah Juanita, udakara pukul 15.30 WIB.

 

Mboten namung nglukar, Indah Juanita ugi tumut mlajeng sareng para pasarta satebih gangsal kilometer (5K) saking Laguna Depok ngantos Pantai Cemoro Sewu. Saking Comoro Sewu mlebet dhateng pantai lajeng mlajeng ing pantai mawi margi teles lajeng kondur malih datheng Laguna Depok.

 

Sawetawis kangge kategori 10 kilometer (10K) saking Cemoro Sewu lajeng ngantos Parangkusumo lajeng kondur datheng Cemoro Sewu mawi jalur wedi ngantos dhateng Laguna Depok, Alhamdulillah ngantos finish ugi, tembungipun Juanita, sasampunipun ngantos garis finish. Panjenenganipun lajeng dipunsangsangani medali.

 

Sanajan dipuntempuh kanthi wekdal langkung saking setunggal jam ananging kangge wanita ingkang yuswanipun 57 taun menika kraos mongkog saged mlajeng satebih gangsal kilometer sesareng masyarakat utawi pasarta saking maneka daerah uga saking njaban rangkah. Juanita ngakeni remen kaliyan kagiyatan BOB Jogja Sunset Run. Kathah pasarta ingkang pinanggih tumut lomba kasebut mboten namung sasoca mbujeng bebingah, ananging amargi kersa olahraga. Sanajan mekaten bebingah ugi tetep kedah dipuncaosaken ugi kedah langkung ageng saking taun saderengipun dados motivasi.

 

Kajawi punika kesan ingkang dipunpendhet salebetipun menika, mlajeng langkung asring ing aspal. Dene BOB Jogja Sunset Run wonten jalur wedi ingkang dados tantangan piyambak kangge pamlajeng amargi langkung awrat. Kula kinten menika sae kangge even taunan ing setunggal titik amargi saged ndhatengaken wisatawan mancanegara ugi wisatawan nusantara, tembung Juanita.

 

Juanita mewahi BOB sengaja tumut cancut taliwanda ing kagiyatan kasebut kangge nepangaken BOB dhateng masyarakat. BOB ngrupikaken lembaga enggal sangandhaping Kementerian Pariwisata. BOB ngagungani wilayah otoritatif ing Purworejo sawiyar 300 hektar ugi wilayah koordinatif ing DIY lan Jawa Tengah. Lembaga kasebut kersa paring koordinasi sedaya destinasi wisata ing wilayah DIY lan Jawa Tengah kanthi ngginakaken Borobudur dados ikonipun, amargi Borobudur minangka 10 Bali Enggal.

 

Targetipun taun menika wisatawan mancanegara ingkang sowan datheng DIY saha Jawa Tengah sakathah kalih yuta lan wisatawan mancanegara sakathah 20 yuta.

 

Sawetawis Pangarsa Dinas Pariwisata ing kalodhangan kasebut ugi ngendika bilih acara BOB Jogja Sunset Run dipunkajengaken ginelar malih ing taun ngajeng. Miturut panjenenganipun, kagiyatan kasebut tambah ngregengaken semarak Laguna Depok. Pramila Dinas pariwisata ugi saweg ngrembakakaken Laguna Depok dados satunggaling destinasi wisata andalan ing Bantul.

 

Mboten namung ing Laguna Depok, ananging ugi kawasan Pantai Depo-Parangtritis sampun dipunjagikaken ngados kagiyatan nasional lan internasional kangge ngaturi wisatawan. Miwiti orkestra ing Gumuk Pasir, festival layang-layang ingkang dipuntumuti saking manca nagari, Jogja International Air Show, lomba dayung, ugi maneka kagiyatan sanesipun. Kawasan pantai kidul badhe nyegahaken maneka atraksi kangge nglelipur wisatawan. Supados wisatawan ingkang sowan mboten kuciwa, atur Kwintarto.

 

Sawetawis pangarsa Redaksi Harian Jogja, Anton Wahyu Prihartono ngendikakaken Jogja Sunset Run sampun kaping kalih dipungelar. Taun menika pikantuk panyengkuyung saking BOB dadosipun taglinennya dados BOB Sunset Run. Panjenenganipun ugi ngaturaken panuwun dhateng Pemkab Bantul ugi sawilangan pehak ingkang sampun ambiyantu wontenipun acara kasebut.

 

Panjenenganipun ngendika bilih BOB Jogja Sunset Run panci boten namung lomba mlajeng kemawon, ananging ugi dados panglibur dadosipun pasarta kajawi olahraga saged nyumurupi pantai Depok, Sugeng nglampahi lomba ugi ngrahabi destinasi wisata ingkang wonten ing saindhenging, atur Anton.

 

Salebeting BOB Jogja Sunset Run dipunregengaken kaliyan maneka hiburan ing antawisipun Flashmob Beksan Tradisional BOB ugi Harian Jogja Talent Performance, DJ Performenace ugi DJ Karaoke Performance. Panitia ugi nyaosaken kathah bebingah kangge para pasarta.

 

Juara

 

Salebeting lomba mlajeng BOB Jogja Sunset Run ingkang ngranggeh juara kangge kategori 10K putra inggih punika Nugroho saking Magelang, Jawi Tengah; Amri Wahyudin saking Gunungkidul, ugi Tribius saking Salatiga Jawi Tengah. Katiganipun dados paling cepet 1, 2, ugi 3. Ewondene 10K putri inggih punika Siti Munawaroh saking Magelang ugi Helena saking Gunungkidul.

 

Kategori 5K putra dados juara inggih punika Konradus Taek saking Salatiga, Anhar saking Bima, ugi Romario saking Magelang. Menggah ing 5K putri inggih punika Tria Suryaningsih saking Jogja ugi Zahra Amalia saking Gunungkidul.

 

Berbagi:

Unggahan Anyar :