Bupati Bantul Tampi Tim Verifikasi Pusat Kabupaten Saras

Diskominfo - Bupati Bantul Drs. H. Suharsono nyambut rawuhipun verifikasi punjering kabupaten saras wonten Gedung Induk, lantai III, Komplek Parasamya Bantul. Rawuhipun ing acara kasebut tim verifikasi pusat, tim pembina kabupaten kitha sehat (KKS), ketua Bappeda Bantul Ir. Isa Budi Hartomo, MT, OPD  saha tamu sedhahan sanesipun. Kemis (29/8).

 

Ing laporanipun, Ketua Bappeda Bantul ngaturaken menawi sektor kesarasan inggih punika setunggal visi utami saking bupati Bantul. "Usaha lan program kegiatan tansah dipunlampahaken saben warsa supados derajat kesarasan masyarakat tansah mangertos," aturipun.

 

Sawentawis Bupati Bantul salebeting sambutanipun ngendika, "instrumen anggaran kados pundi kalampahan saras pikantuk edukasi lan dipunaktualisasikaken dhateng masyarakat. Mila Bantul prayogi lan saged dados studi banding saking jawi dhaerah lan cocog visi Bantul inggih punika wujudipun masyarakat Kab. Bantul ingkang saras, pinter, lan sejahtera,"aturipun.

 

Kula ngajak dhateng sedaya lapisan masyarakat kangge nerapaken pola urip resik lan saras, kepredulian kasarasan badhe mbekta budaya ingkang langkung sae malih, inggih punika tatanan masyarakat ingkang kulinten kaliyan pola-pola urip saras." Kasarasan minangka bandha ingkang mboten kabiji reginipun, kanthi kasarasan produktivitas masyarakat saged ningkat, " atur Bupati.

 

Salajengipun tim verifikasi pusat Widya Utami, SKM, M. Kes ngendika, "mugi-mugi dinten punika kula panjenenganpikantuk informasi lan pemantapan. Sasampunipun nglampahi verifikasi dokumen terkait data, informasi, foto, komunikasi lan mandhap[ ing lapangan kangge mesthekaken kagiyatan ingkang gegayutan pengajuan lan penyusunan tatanan. Ingkang paling wigatos inggih punika mesthekaken punapa masyarakat pikantuk efek positif saking kagiyatan kasebut.

 

Ancasipun mugi-mugi saged manggihaken inovasi enggal lan nambah punapa ingkang dereng dipunusulaken, aturipun. Widya Utami nambahaken menawi kados ingkang sampun dipunaturaken dening bupati Bantul menawi esensi saking KKS punika sedaya OPD nyambut damel lan koordinasi kangge mujudaken ancas saking KKS kasebut.

 

Sawentawis Hartadi saking forum komunikasi kabupaten saras medharaken visi kabupaten Bantul ingkang kagungan pointer saras, pinter, lan sejahtera adhedhasar nila-nilai agami kaliyan gangsal misi ing salebetipun." Makna saras kabupaten Bantul inggih punika masyarakat Kab. Bantul ingkang kagungan kesarasan jasmani, rohani, lan sosial. Wondene strategi kebijakan salebeting rencana pambangunan antawisipun nginggahaken cakupan lan kwalitas layanan kesarasan, cakupan pangan lan kwalitas gizi serimbang, pencegahan lan pemberantasan penyakit menular, saha pembinaan lan pemasyarakatan olahraga," aturipun.

 

Bibar acara dipunlajengaken kaliyan screening kesarasan wonten pinten-pinten point tertamtu, dipunpriksani Bupati Bantul Suharsono lan pinten-pinten ASN sanesipun tumut nglampahaken check up kesarasan ingkang dipunwontenaken Dinas kesarasan Kabupaten Bantul.

Berbagi:

Unggahan Anyar :