. . .

Sekretariat Daerah mujudake bagian saka Pemerintah Daerah kang ngrancang kawicaksanan sarta mbina sesambungan pakaryan klawan Dinas Daerah,Lembaga Teknis Daerah lan Unit Kerja liyane ing Daerah kang dipangarsani dening Sekretaris Daerah ing sangisore lan tanggungjawab marang Bupati.
Aparatur Daerah minangka organisasi utawi lembaga wonten Pemerintah Daerah sing tanggung jawab kaliyan Kepala Daerah babagan kerangka administrasi pemerintahan wonten wilayah kasebut.
Kapanewon mujudake Perangkat Daerah kang dianakkke kanggo ningkatake lumakune peprentahan, pelayanan publik, lan pemberdayaan masyarakat kalurahan kang dipandhegani dening Panewu lan dumunung sangisore lan tanggungjawab marang Bupati liwat Sekretaris Daerah.
Badan Usaha Milik Daerah mujudake badan usaha kang diawasi, digulawenthah, dibina pemerintah daerah.