Pemkab. Bantul Ngranggeh Malih Pangregen Opini WTP taun 2018 saking BPK RI

Diskominfo - Pamrentah Kabupaten Bantul ngranggeh malih opini Wajar Tanpa Pengecualian (WTP) saking Badan Pemeriksa Keuangan (BPK), saking palapuran arta pamrentah Daerah taun Anggaran 2018. Atur kasil Pemeriksaan Laporan Keuangan Daerah taun Anggaran 2018 dipunpasrahaken dening Pangarsa BPK RI wakil DIY ing kantor BPK perwakilan DIY. Senen (27/5).

Ndherek Bupati Bantul Suharsono ngranggeh opini WTP saking BPK tamtu badhe paring motivasi Kabupaten Bantul kangge ningkataken kualitas tata kelola APBD. Opini Wajar Tanpa Pengecualian / WTP arupi setunggal prestasi ingkang ngembangaken upaya kangge mujudaken Good Governance saha Clean Governance. WTP arupi wujud saking komitmen, tekad greget mawi kerjasama ugi makarya saking sedaya elemen ing Kabupaten Bantul mekaten atur saking Bupati Bantul, ngendikanipun.

Salajengipun Bupati Bantul ugi ngaturaken, hakekatipun pangregen menika dipundedikasikaken kangge sedaya jajaran ASN / Birokrasi ing Kabupaten Bantul amargi hakikatipun sedaya ingkang sampun makarya kanthi konsisten saged tetep nggayuh WTP menika.

Bab senada konjuk dening pangarsa DPRD Kabupaten Bantul Hanung Raharjo, pamrentah Kabupaten Bantul sareng DPRD sawetawis menika makarya kangge dandosi aspek pengelolaan anggaran lan belanja daerah. Aspek panyerapan lan efektivitas anggaran dados mirenggan utami salajengipun dipundandosi saben taun. Indikator pambiji BPK dados acuan kangge pamrentah Daerah nglajengaken ndandosi. Proses ndandosi ingkang sampun dipuntumindakaken antawisipun rumiyin Bantul pikantuk opini Wajar Tanpa Pengecualian (WDP). DPRD nyengkuyung pamrentah kangge langkung ngefektifaken pengelolaan anggaran, pamrentah Daerah piyambak ngupiya kanthi sakiyatipun. Kasiling makarya kasebut ing taun 2013 pikantuk opini WTP (Wajar Tanpa Pengecualian) ing palaksana anggaranipun, tembung Hanung.

DPRD Bantul ngapresiasi makaryaning pamrentah daerah saha ngajeng-ajeng pikantuk kasil maksimal menika mboten namung "pinarak" kemawon, ananging dipunarepaken dados "tradisi" ingkang sae saben taun saged ngekapi capaian kinerja menika, WTP dados satunggal tolok ukur ing pengelolaan yatra nagari.

Sawetawis punika Pangarsa BPK RI wakil Yogyakarta Yusnadewi ing sambutanipun, saking asmanipun Pimpinan BPK, ngapresiasi ugi atur panuwun dhateng pangarsa DPRD Kabupaten Bantul lan Gunungkidul saha Bupati Bantul lan Gunungkidul kanthi jajaranipun saking nyambut damelipun, dadosipun kanthi sesarengan kita sedaya lajeng komitmen kangge nyengkuyung panyelenggara pengelolaan yatra nagari ingkang transparan.

Adedasar pamriksa ingkang sampun dipuntumindakaken BPK saking Laporan Yatra Pamrentah Kabupaten Bantul ugi Gunungkidul taun Anggaran 2018, klebet implementasi saking rencana aksi, mila BPK nyaosaken opini Wajar Tanpa Pengecualian saking Laporan Yatra Pamrentah Kabupaten Bantul ugi Gunungkidul taun Anggaran 2018, atur Yusnadewi.

Pamrentah Kabupaten Bantul lan Gunungkidul sampun kasil ngekahi Opini Wajar Tanpa Pengecualian. Bab menika kedah dados momentum kangge langkung nyengkuyung mujudaken akuntabilitas ugi transparansi pengelolaan yatra daerah, dadosipun kemakmuran rakyat ingkang dipungayuh kita sedaya saged kawujud.

Berbagi:

Unggahan Anyar :