Bupati bikak Festival Pisang Kabupaten Bantul 2019

Bupati Bantul Drs. Suharsono mbikak Festival pisang Kabupaten Bantul 2019 manggen ing latar kompleks kantor Pemda II Bantul, Kemis (20/6).

 Miturut lapran panitia ingkang dipunaturaken dening Sekretaris Dinas Pertanian Pangan Kelautan ugi Perikanan Kabupaten Bantul Ir. Bambang Erwanto, MT menawi acara menika arupi kagiyatan rutin ing Kabupaten Bantul ingkang sampun lumampah dangu.

 Rawuh wonten ing acara kasebut inggih punika jajaran forkompimda Bantul, Pangarsa OPD, Balai Karantina, ing lingkup Dinas BKPP DIY, BPTP, BPSDM, camat saKabupaten Bantul ugi partisipan saking maneka kalangan ing Kabupaten Bantul.

 Bambang nambahi menawi festival pisang menika ancasipun kangge ngenalaken teneman pisang, woh pisang ingkang wonten ing kabupaten Bantul, amargi dados woh unggulan petani ingkang saged dipuntenem ing pekarangan pramila dados potensi ingkang unggul ing Kabupaten Bantul, ing tataran nasional saha ing tataran internasional. Kalawingi para petani presentasi bab teneman pisang sarta olahan pisang ing Itali. Saking prestasi kasebut dipunajeng-ajeng supados budidaya pisang dados andalan kangge petani sansaya saged ningkataken kasejahteran.

 Wonten kalodhangan menika, dipunlaksanakaken launching pisang Bantul dening Pangarsa UPTD BPTP Ir. Maman Suherman, MP. ugi pasrah Sertifikat Pisang Berlin lan kedelai saking Dr. Kristamtini dhateng Bupati Bantul mawi pasrah bebingah dening Bupati Bantul dhateng para juara lomba.

 Bupati Bantul ing sambutanipun ngaturaken menawi festival menika arupi kupiya kita sedaya sesaarengan promosi mawi ngembangaken khasanah maneka wohing pisang ingkang wonten ing kabupaten Bantul dados potensi, identintas ugi kebanggaan mawi potensi ageng indhaking kasejahteran warga masyarakat.

 "Kamangka kula ngajeng-ajeng festifal pisang menika badhe dados momentum kangge kita sedaya nglajengaken komitmen numindakaken pamratan petani holtikultura kanthi proteksi komoditi woh-wohan lokal dados unggulan Bantul," ngendikanipun. Pramila masyarakat kedah kita sengkuyung supados tansah gadhah inovasi,  dadosipun pisang saking Bantul kagungan raos kuantitas ugi kualitas ingkang langkung sae malih, minangka pisang seger utawi pisang olahan. "Kita sedaya patut ugi bangga menawi kala menika Bantul sampun kagungan pisang lokal ingkang dipunparingi asma pisang Berlin (kober tur eling) ingkang dipunkajengaken dados ikon Kabupaten Bantul," aturipun.

 Salajengipun kula ngajeng-ajeng, supados festival pisang menika langkung gencar dipuntumindakaken, utaminipun kanthi medsos utawi dipungabungaken kaliyan kalender wisata utawi event-event ageng sanesipun ingkang saged narik kawigatosan wisatawan.

Berbagi:

Unggahan Anyar :