Nggampilaken Ladosan, Bantul Launching DGS Kasarasan

Ing era digital menika sedaya paladosan ingkang dipuntumindakaken dening pamrentah saged dipunakses saking internet, kalebet ladosan kasarasan kangge masyarakat ing Kabupaten Bantul. Pramila Bantul launching ( Digital Goverment Cervices ) DGS kasarasan dening Bupati Bantul ingkang dipusulihi dening Plt. Asisten Sumber Daya ugi Kesejahteraan Rakyat Danu Suswaryanta, SH manggen ing Gedung Induk Lantai III, Senen (24/6).

 

Miturut laporan panitia panyelenggara ingkangdipunaturaken dening Kasi. Pengembangan Aplikasi Dinas Kominfo Bantul Ida Sekarsari, ST, M.Eng ngaaturaken menawi ing program DGS kasarasan menika Dinas Kominfo gadhah peran dados penanggungjawab infrastruktur ugi pengelolaan data ing Kabupaten Bantul. "Launching DGS kasarasan menika ancasipun kangge nggampilaken masyarakat ngakses ladosan kasarasan ing Kabupaten Bantul," tembung Ida Sekar.

 

Ing acara kasebut dipunaturi Pangarsa Puskesmas saKabupaten Bantul, Bantul Nitizen, Camat ugi Pangarsa OPD ing lingkungan Pemkab. Bantul. Miturut Danu, Bupati Bantul ngapresiasi Dinas Kominfo Kab. Bantul ingkang sampun nyaosaken fasilitas DGS kasarasan menika. Dipunkajengaken bab menika badhe nggampilaken masyarakat kangge ngakses samukawis bab gegayutan kaliyan paladosan kasarasan ingkang dipunbetahaken, dadosipun masyarakat langkung gampil nampi informasi ingkang dipunbetahaken kangge ningkataken derajat kasarasanipun.

 

Paparan makalah dipunaturaken dening DR. Kusrini, M Kom. saking Universitas AMIKOM Yogyakarta. Salebeting andharanipun Kusrini ngendikaka menawi perkembangan teknologi Informasi paring kalodhangan kangge gesang langkung sae, langkung gampil kalebet bidang kasarasan. "DGS Bidang kasarasan Kabupaten Bantul ing dhusun saged ngolah sistem informasi ing FKTP ugi FKTL gayut kaliyan sistem rujukan mangka dipunkajengaken DGS saged ngenggalaken proses rujukan," aturipun.

 

Identifikasi stakeholder, salajengipun, antawisipun Dinas kasarasan Bantul dados penanggungjawab  fasilitas ladosan kasarasan ing Kabupaten Bantul, Puskesmas ing Wilayah Kab. Bantul minangka pamaring paladosan kasarasan level I. Sawetawis griya sakit ing Wil. Kab. Bantul dados pamaring paladosan kasarasan salajengipun minangka rujukan kangge puskesmas, ewondene Dinas Kominfo Kabupaten Bantul dados penanggungjawab infrastruktur ugi pengelolaan data ing Kabupaten Bantul.

 

 

Berbagi:

Unggahan Anyar :