. Tanggap Bencana, BPBD Bantul Gelar Simulasi Penanggulangan Tsunami

Diskominfo - Manggen ing Lapangan Sorobayan Dhusun Gadingsari Sanden Bantul, Badan Penanggulangan Bencana Daerah Kabupaten Bantul anggelar simulasi penanggulangan bencana alam / tsunami. Mboten kirang saking 2000 warga Gadingsari tumut simulasi penanggulangan kebencanaan kasebut. Setu (29/6).

 

Bupati Bantul Drs. H. Suharsono ing kalodhangan kasebut, ngapresiasi kagiyatan simulasi penanggulangan tsunami kasebut. panjenenganipun ngendika, gesang ing zona abrit bencana alam menika kita sedaya kedah njagi ugi mboten pareng lirwa, amargi bencana alam punika rawuh dumadakan tanpa saged dipunprediksi.

 

"Pengalaman bencana alam ingkang ngrenggut kathah korban jiwa sawetawis taun kalariyin, ngengetaken dhateng kita sedaya, wigatosing mitigasi kebencanaan. Kawruh bab bencana alam kedah kita sedaya sosialisasikajen dhateng masyarakat," aturipun.

 

Kagiyatan simulasi enjing menika sae sanget kangge edukasi dhateng masyarakat, remen mboten remen kita sedaya wonten ing zona rawan bencana. Ananging kesiapsiagaan ugi semangat gotong royong ingkang kita sedaya kagungani sesarengan kedah tansah dipunjagi, dados menawi kedadosan bencana saged kita sedaya mrantasi kanthi cepet lan tanggap.

 

Sawetawis punika Pangarsa BPBD Bantul Dwi Daryanto, nyambut kanthi sae ugi rumaos rena amargi greget lan partisipasi warga numuti kagiyatan simulasi penanggulangan tsunami menika. "Kula panjenengan sareng jajaran BNPB Bantul, tansah nyaosaken sosialisasi kebencanaan kangge masyarakat, " tembung Dwi.

Berbagi:

Unggahan Anyar :