Bupati Bantul Pasrahaken DOC ayam KUB ing Kelompok Ternak Waris

Diskominfo-Bupati Bantul Drs. H. Suharsono kanthi simbolis ngaturaken 500 DOC ayam KUB. Kagiyatan desiminasi pambibitan ayam unggul ugi ngembangaken skala kulawarga nyengkuyung program kerja Kementan taun 2019, ingkang wonten ing Kelompok Ternak, "pusaka" Dusun Kauman (Tambalan), Gilangharjo, Pandak. Selasa (7/5).

Miturut Pangarsa BPTP Provinsi DIY Dr. Joko Pramono ngendikakaken, kula ing badan Litbang Pertanian sampun 2 taun menika nglampahi program nyambut damel utawi "program bedah kemiskinan rakyat sejahtera" kanthi bantuan ayam dhusun unggul ingkang sampun dipunseleksi ugi pikantuk panaliten saking badan Litbang Pertanian.

Ayam menika gadhah keunggulan antawisipun, enggal, langkung kiyat ngadhepi penyaki, produksi tigan pertaun saged 180 butir/ekor.

"Taun menika sedaya alokasi program ing Kabupaten Bantul gunggungipun watawis 2000 ekor, menika mboten namung pambiyantu lepas kemawon, ananging dipunparingi fasilitas kados bantuan kandhang mawi tedha, saha dipunampingi ngantos produksi," aturipun.

Salebeting sambutanipun Bupati Bantul ngaturaken raos panuwun dhateng Balai Pengembangan Teknologi Pertanian DIY inggil wontenipun program peparing bantuan ngembangaken budidaya ayam kub. "Mugi-mugi program kagiyatan menika badhe tambah wiyar nyengkuyung wujuding kasejahteran kangge masyarakat ing Kabupaten Bantul," pangajengipun Bupati.

Bupati Bantul mertelakaken menawi, ngrembakakaken ayam kub arupi prospek upaya ingkang migunani. Pramila dhateng kelompok Ternak, bantuan ingkang katampi saged dipunginakaken sasaenipun, dados saged lajeng ngrembaka ugi majeng dados peternak ingkang kagungan jiwa upaya tangguh mawi saged ningkataken panggalihan kangge kulawarga.

 

"Dhateng para peternak ugi kelompok saged fokus wonten orientasi peken kaliyan satunggaling upakaranipun inggih punika nggadhahi ugi mangun kelompok Ternak ingkang kokoh dadosipun saged ngiyataken upaya budidaya ayam kub," atur Bupati.

Salajengipun Bupati Bantul paring piweling supados ngginakaken bahan baken ingkang sampun cumawis ing laladan sedaya saged dipunolah dados tedha supados ngirangi beaya produksi. Kanthi mekaten pikantuk bathi ingkang langkung ageng.

 

Berbagi:

Unggahan Anyar :