Pengetan Dinten Lingkungan Hidup Sedunia 2019 Kabupaten Bantul

Diskominfo - Pengetan dinten Lingkungan Hidup Sedunia tingkat Kabupaten Bantul  ing SMAN 1 Bantul. Kagiyatan menika mendhet tema "Biru Langitku, Hijau Bumiku". Setu (29/6).

 

Miturut laporan penyelenggara Pangarsa Dinas Lingkungan Hidup Kabupaten Bantul, Ari Budi Nugroho, ST, M.Sc., ngendikaka menawi ancas saking kagiyatan menika dados upaya kangge ningkataken pangeling wigatosing ngreksa kelestantunan lingkungan mawi upaya sosialisasi saha edukasi dhateng masyarakat wiyar bab perkawis saha solusi pencegahan pencemaran udara kanthi penghijauan. 

 

Kagiyatan menika ing SMAN 1 Bantul amargi satunggaling pawiyatan ingkang ngranggeh Adiwiyata tingkat Nasional wonten taun 2017, ingkang samenika tumuju evaluasi sekolah Adiwiyata mandiri.

 

Ing pangandikanipun wakil Bupati Bantul, H. Abdul Halim Muslih ngaturaken, dinten menika minangka dinten ingkang wigatos sanget ugi strategis kangge kita sedaya kangge ngenggali komitmen ndandosi indeks lingkungan hidup ing Kabupaten Bantul, amargi menika ngusung peran saha kontribusi sedaya pihak ningkataken kualitas lingkungan hidup.

 

Wakil Bupati Bantul mertelakaken menawi, tingkat nasional kita sedaya ngginakaken tema ing relevansi kasebut inggih punika biru langitku, hijau bumiku. Tema kasebut dipunpundhut amargi nggambaraken upaya kita sedaya kangge ngendhalikaken polusi udara gegayutan sanget kaliyan upaya kangge nata bumi sudados langkung ijem.

"Mugi-mugi upaya menika dipunridhoi ugi pikantuk pitulungan saking Allah SWT kangge nglestantunaken lingkungan hidup kangge putra wayah, kangge kesugengan generasi ing tembe mburi saupakara langkung sae," minggah pak Halim.

Acara dipunlajengaken kanthi pasrah tampi teneman minangka simbolis lan atur pangregen Adiwiyata dening wakil Bupati Bantul.

Reroncening kagiyatan ingkang sampun dipuntumindakaken minangka mangayubagya dinten Lingkungan Hidup sadonya punika lomba karesikan kantor kecamatan ing tanggal 18-20 Juni 2019, paneneman perdana reklamasi bekas tambang ing Temuwuh Dlingo wonten tanggal 20 Juni 2019, pelatihan daur ulang sampah organik wonten tanggal 21 ugi 22 Juni 2019 mawi sosialisasi kantin sehat ugi grapyak lingkungan kangge rintisan sekolah Adiwiyata wonten tanggal 28 Juni 2019.

Berbagi:

Unggahan Anyar :