Wakil Bupati Bantul Bikak Forum Group Discussion Satunggal Data

Wakil Bupati Bantul H. Abdul Halim Muslih mbikak acara forum group discussion (FGD) setunggal data, dumados wonten ing Ruang Parangkusumo, Hotel Rose-In, dalan Ringroad Kidul, Sewon, Bantul, Slasa (30/07).

 

Miturut  palapuran sekretaris Dinas Kominfo Kab. Bantul, Dian Mutiara Sri Rahmawati, S. H., M. M dados ketua penyelenggara ngaturaken menawi ing acara kasebut wonten antawisipun pangarsa Diskominfo se-DIY, pangarsa Statistik se-DIY, pangarsa Bappeda se-DIY, lan pangarsa OPD terkait wonten kabupaten Bantul.

 

Salajengipun, Dian ngaturaken menawi kangge mujudaken nyawijining perencanaan, tindakan, evaluasi, pengendalian pembangunan, saha salebeting pikolehipun data dados upaya kangge tata kelola data sampun dipunatur ing Perpres no. 39 warsa 2019, mila kangge nambah kawruh betah wontenipun forum diskusi. Kawontenan aturan data punika, kagungan ancas supados pamarentah kersa ngempalaken data sakonten ingkang akurat, mutakhir, terpadu, saha gampil dipunakses.

 

Data ingkang wonten kelebet pangan, energi, infrastruktur, maritim, pendidikan, kasarasan, ekonomi, industri, pariwisata, ngantos reformasi birokrasi. Data ingkang dipunkasilaken ugi kedah ngkagungani meta data, kaidah interoperabilitas data, lan ngkagungani kode referensi utawi data induk. "Setunggal Data Indonesia inggih punika kebijakan tata kelola data pamarintah kangge ngasilaken data ingkang akurat, mutakhir, terpadu, lan saged dipunpertanggeljawabaken saha gampil dipunakses lan dipunperang antar Instansi Pusat lan Instansi Daerah kanthi standar data," jlentrehipun Dian Mutiara.

 

Kanthi latar belakang kasebut dipunajeng-ajeng sedaya pasarta diskusi punika saged mangertosi lan nindak lanjuti miturut kewenanganipun piyambak lan sami-sami koordinasi. Acara punika dipunwontenaken, tembungipun Dian, minangka nyawisaken implementasi lampahan Perpres no. 39 warsa 2019 punika. Salebeting acara kasebut diskominfo Bantul tembayatan kaliyan deputi I Pangarsa Staff Keprisidenan RI lan Bappenas dados narasumber. Moderator ing acara kasebut inggih punika pangarsa Diskominfo Kab. Bantul, Ir. Fenty Yusdarini, M.T. saha salah setunggal nara sumber inggih punika Robert Teodore Deputi I pangarsa Staf Kepresidenan RI.

 

Sawentawis wakil bupati Bantul ing sambutanipun ngajeng-ajeng forum diskusi kasebut saged paring ebah ingkang sae kaliyan penyelenggaraan pamarintahan wonten kabupaten Bantul, mliginipun wonten DIY limrahipun. Amargi wekdal punika tantangan pamarintah langkung ageng kaliyan wontenipun perkembangan teknologi ingkang pesat. Wekdal punika masyarakat langkung gampil sumerep kasil pembangunan ingkang dipuncanangaken dening pamarintah, pramila punapa ingkang kula panjenengan lampahaken kedah cocog kaliyan punapa ingkang dipunbetahaken dening masyarakat lan pamarintah piyambak.

 

Rencana lan lumampahing pembangunan ingkang trep sasaran lan saged mrantasi prekawis laladan dipunraos mbetahaken sanget data ingkang kagungan kualitas, akurat, relevan, kesinambungan, ingkang paling enggal, sinumber saking data-data ingkang kridebel lan saged dipuntanggeljawabaken. Kamangka, kula ngarepaken dhateng sedaya para rawuh wakil saking OPD wonten kabupaten Bantul utawi saking laladan sanes supados pro-aktif ngaturaken data ingkang badhe dipunebah lebet setunggal data ingkang saged dipuntanggeljawabaken.

 

Data kagungan pengaruh salebeting nemtokaken arah kebijakan minangka evaluasi kaliyan bab-bab ingkang kedah dipundandosi. Data ingkang kagungan kualitas ndadosaken pamarintah tansaya pinter lebeting ndamel perencanaan pembangunan lebeting pinten-pinten sektor. Wekdal punika kula lan panjenengan dipuntuntut perencanaan kaliyan adhedhasar bukti utawi data evidence best planning amargi perencanaan mboten adhedhasar kaliyan bukti badhe mlenceng saking sasaran lan tujuwan saha badhe ngedalaken duplikasi, tuladha kados ukm saged dipunbina Dinas perdagangan, Dinas perindustrian, Dinas tenaga kerja, Dinas sosial, mila pemborosan sumber daya punika satunggaling kekirangan saking planning ingkang mboten adhedhasar evidence.

 

Ing kabupaten Bantul piyambak kita dipunpanggihaken data ingkang beda saking pinten-pinten OPD, tuladha Dinas sosial kagungan data bab griya mboten layak huni, Dinas PU ugi kagungan data ingkang dananipun saking kementerian PU, Dinas Sosial kagungan anggaran saking APBD. Mila ing pelaksanaanipun, wonten anggaran ingkang mboten saged mresep amargi lirwa ing salebeting validasi data. "Kangge punika kedah ndamel data ingkang kagungan sipat tunggal mila mundhut kekancingan dipundhasaraken data tunggal lan saged dipuntanggeljawabaken, "atur wakil bupati Bantul. Salebeting acara punika, tambah wabub, kita nyuwun dhateng narasumber saking staff kepresidenan RI supados ngaturaken data tunggal katindakaken saking tingkat pusat ngantos laladan ingkang saged dipuntampi dening sadaya pihak. Mila koordinasi sinkronisasi antar lembaga pamarintah lan antar level pamarintahan saged kalampahaken kanthi sae.

Berbagi:

Unggahan Anyar :