4.Ketua Tim Penggerak PKK Kabupaten Bantul Sambut Tim Yuri Lomba IVA Test Tingkat DIY

Ketua tim penggerak PKK Kabupaten Bantul, Hj Erna Kusmawati Suharsono enjing punika nyambut Tim Tim Yuri Lomba IV Test Tingkat DIY ingkang kawontenaken ing Dusun Tangkil, Dhusun Muntuk, Kecamatan Dlingo Bantul. Slasa (6/8).

 

Miturut ketua tim penggerak PKK Kabupaten Bantul, Hj Erna Kusmawati Suharsono ngaturaken, dhusun Muntuk ingkang pinilih inggih punika sampun miyos proses wonten tingkat kabupaten lan wonten dhusun Muntuk punika ingkang kaanggep saking tim penggerak PKK Kabupaten lan jajaranipun ingkang prayogi kangge tumut dherek lomba wonten tingkat DIY.

 

"Kula panjenengan sampun maksimal nyamektakaken sedayanipun, kados kalawau ing salebeting sambutan tim yuri, kula lan panjenengan sampun ngaturaken ingkang paling sae saha partisipasi masyarakatipun luar biyasa sanget," tembungipun.

 

Sawentawis ing salebeting sambutanipun tim yuri lomba IVA test tingkat DIY, Hj. dr. Siswati Ningsih, partisipasi masyarakat dhusun Muntuk luar biyasa sanget. Kangge nginggahaken cakupan pelayanan IVA punika, peran PKK ing sedaya jenjang wiwit saking kabupaten, kecamatan, desa, dhusun, rt, dumugi dasawiswa punika aktif sumerep perkawis kupiya diteksi dini kangker saha tumut sosialisasi.

 

"Kanthi lomba IVA punika kula panjenengan saged nyumerepi satebihing capaian saking pelayanan IVA wonten kecamatan Dlingo. Dados ingkang dipunbiji punika cakupan pelayanan wonten sakecamatan dlingo. Kamangka menawi Puskesmasipun wonten 2 mangke dipunpirsani satebihing gayuhipun saking sasi Januari dumugi sasi Juli," andharanipun.

Berbagi:

Unggahan Anyar :