8."Jogja Geger 2020", Bantul Siyap Ngregengaken

Event Jogja Geger ingkang sampun sukses dipungelar ing tanggal 1-28 Februari 2019 kalawingi, badhe dipungelar malih ing warsa 2020. Event Jogja Geger ingkang dipunmotori dening KADIN DIY, ASITA Yogyakarta lan PHRI Yogyakarta saha sedaya stakeholder pariwisata wonten DIY punika dipunrencanakaken badhe wonten malih ing tanggal 2 Februari 2020 dangunipun 2 sasi (Februari-Maret).

 

Bab kasebut kasingkab ing wekdal nalika Bupati Bantul, Drs Suharsono, nampi dhayoh saking KADIN DIY, ASITA Yogyakarta lan PHRI Yogyakarta saha KADIN Bantul ing dinten Kemis, 29/08/2019 wonten ing kantor Bupati Bantul. Kagiyatan punika dipunwontenaken salebeting ndhongkrak kunjungan wisatawan ing sasi Februari lan Maret ingkang low seasion wonten ing sektor pariwisata. Kanthi wontenipun maneka hiburan ingkang nengsemaken, diskon maneka layanan wisata saha acara benten dipunajeng-ajeng kuwawi menarik minat wisatawan nggih lebet nagari utawi njawi nagari.

 

Bupati Bantul ingkang dipunampingi dening Asisten Pembangunan dan Perekonomian, pangarsa Dinas Perdagangan, pangarsa Dinas Kominfo, Dinas Kabudayan, Dinas KUKMP, Bagian Humas lan Protokol, nyatakaken siyap nyengkuyung maneka event ingkang badhe dipungelar ing momen kasebut ingkang mangkenipun badhe dipunkemas kanthi tagline "Bantul Asyik".

 

Pangajeng-ajengipun kanthi persiapan ingkang langkung panjang lan mateng punika Jogja Geger 2020 langkung sae mila saged maringi kontribusi ingkang positif kangge perekonomian warga wonten tlatah Daerah Istimewa Yogyakarta.

Berbagi:

Unggahan Anyar :