10.Wakil Bupati Bantul nyambut kunjungan Dirjen Asia Pasifik & Afrika Kemenlu RI

Wakil bupati Bantul H. Abdul Halim Muslih nyambut kunjungan Direktorat Jenderal Pasifik & Afrika Kemenlu RI kagungan panggenan wonten Gedung Induk lt. III, Komplek Parasamya Bantul, Slasa (3/9).

 

Salebeting acara kasebut Pangageng Redaksi Majalah Akses Direktorat Jenderal Asia Pasifik & Afrika Kementerian Luar Negeri Hadi Sarifudin, Wakil Bupati Bantul, saha OPD se-kabupaten Bantul.

 

Hadi Sarifudin salebeting sambutanipun medharaken, "kita tim saking buletin akses, inggih punika majalah ingkang gadhah sipat wulanan gegayutan kaliyan misi kangge ambangun jembatan antawis potensi dhaerah kaliyan peluang peken ingkang wonten ing njawi nagari. Gegayutan bab kasebut mila badhe dipunmuat potensi dhaerah utawi peluang peken wonten jawi nagari ingkang saged dipunmanfaataken kanthi misi ngembangaken sektor UKM." aturipun.

 

Sawentawis Wakil Bupati Bantul salebeting sambutanipun ngendika menawi kunjungan Dirjen Asia Pasifik & Afrika Kemenlu RI kasebut salebeting kewigatosan Kab. Bantul inggih punika njembatani pengembangan sektor industri. "Warsa 2016 Kab. Bantul dipuntetepaken dados Kabupaten Kreatif Kriya paling kiyat ing Indonesia. Pambijinipun sampun nglangkungi kajian menawi satunggaling kuasaning Kab. Bantul inggih punika budaya kreatif. Kathah produk-produk kreatif dipunkasilaken kaliyan maneka material kados deling, sela, lempung, kulit, lan perak saha diproduksi kanthi sentral utawi non-sentral. Dene sektor industri kreatif paling ageng inggih punika mebel ingkang kadamel saking kajeng utawi deling."aturipun.

 

Acara dipunlajengaken mawi diskusi lan kunjungan tim Dirjen Asia Pasifik & Afrika Kemenlu RI wonten sentra industri Kasongan, Krebet, Batik Giriloyo lan Tatah Sungging saha biji vanilla wonten Bambanglipuro.

 

Berbagi:

Unggahan Anyar :