Koordinasi Penyusunan Rencana Induk SPBE Dhaerah Bantul

Diskominfo - Kangge ambangun sinergi penerapan Sistem Pamarintahan Berbasis Elektronik (SPBE) ingkang kagungan kekiyatan hukum wonten kabupaten Bantul, dipunbetahaken rencana induk SPBE dhaerah ingkang dipunangge dados pedoman kangge pamarintah dhaerah dugi SPBE ingkang terpadu. Dados upaya nyamektakaken panyusunan Rencana Induk SPBE dhaerah, Dinas Komunikasi dan Informatika Kabupaten Bantul ngawontenaken rapat koordinasi wonten Mandhala Saba Pracima, Rebo (4/9).

 

Kagiyatan punika ngaturi pangarsa Organisasi Perangkat Daerah (OPD) se-Kabupaten Bantul lan ndugikaken narasumber saking Gamatechno Yogyakarta. Acara dipunbikak dening pangarsa Dinas Komunikasi dan Informatika Kabupaten Bantul Ir. Fenty Yusdayati, MT. Salebeting sambutanipun ngendika menawi kangge nglampahi Perpres Nomer 95 warsa 2018 bab SPBE pamarintah Kabupaten Bantul dereng kagungan master plan. "Nyuwun sengkuyungan OPD kangge nyusun master plan gangsal warsa dhateng ngajeng. Bantul ing ngajeng dipunrencana ingkang mesthi, dipunsengkuyung data ingkang leres lan saged dipunanalisis," pesen Fenty.

 

Sawentawis punika Pangarsa Bidang Penyelenggaraan E-Government lan Persandian Kawuniningrum, ST, M.Cs, njlentrehaken menawi badhe nglampahi survey dening Gamatechno dados rekanan saking Dinas Kominfo bab punapa ingkang sampun melik lan dipunlampahi dening OPD layanan SPBE. Penerapan SPBE kagungan 4 (sekawan) jinis layanan inggih punika: 1. Government to Government (G2G): e-Office, e-Planning, e-Budgeting, e-Monev. 2. Government to Citizen (G2C) : e-Pengaduan, e-Kesehatan, e-Pendidikan. 3. Government to Business (G2B) : e-Procurement, e-Perijinan. 4. Government to Employees (G2E) : e-Kepegawaian, e-Pensiun. Ingkang tanggel jawab dhaten SPBE inggih punika sedaya Pangageng OPD. Saben OPD dipunajeng-ajeng kagungan peran aktif kangge nginformasikaken bab pelayanan adhedhasar elektronik ingkang dipungadhahi lan rencana ing ngajeng.

 

Narasumber saking Gamatechno Pradiptya Setyahadi, S, Kom, M. Sc, ngendika visi lan misi SPBE 2018-2025. Visi: kawujudipun SPBE ingkang terpadu lan menyeluruh dugi birokrasi lan pelayanan publik ingkang berkinerja inggil. Misi: 1. Nindakaken penguatan tata kelola SPBE, 2. Ngembangaken pelayanan publik ingkang terpadu, 3. Ambangun fondasi TIK, 4. Ambangun SDM ingkang kompeten lan inovatif. Dados lampahan awal kangge ngintegrasikaken aplikasi ingkang sampun dipun-kagungani dening OPD badhe nglampahi survey saben OPD Frofil TIK Unit Kerja ingkang ngliputi: SDM, Infrastruktur Jaringan, Perangkat TIK, Anggaran TIK, Regulasi lan Kebijakan, Kendala lan Harapan. Survey dipunlampahaken wiwit sasi September 2019 dumugi sasi November 2019 dhateng saben OPD.

Berbagi:

Unggahan Anyar :