14.Bupati Bantul Paring Pangrenggan Sarpras Pengelolaan Sampah

Bupati Bantul Drs. H. Suharsono paring pangrenggan sarana lan prasarana (sarpras) pengelolaan sampah kangge masyarakat Kab. Bantul mapan wonten ing Pandhapa Manggala Parasamya II, Senen (9/9).

 

Bupati Bantul salebeting sambutanipun njlentrehaken menawi perkawis sampah asring ngganggu. "Volume sampah tansaya  kathah, sampah ingkang numpuk kirang pikantuk kawigatosan mila sisah anggenipun dipuntanggulangi. Mujudaken Bantul resik sampah 2019 sampun dipunlampahi kanthi mapinten-pinten upaya. Antawisipun upaya kasebut inggih punika pendidikan lingkungan hidup wonten sekolah-sekolah, penyuluhan pendidikan lingkungan hidup dening perguruan tinggi ingkang kolaborasi kaliyan Pemkab. Bantul, saha gotong-royong lan gropyok sampah wonten lepen utawi lokasi-lokasi strategis dening elemen masyarakat." katranganipun.

 

Bupati nambahaken ngengingi Perda No. 15 Warsa 2011 ingkang sampun dipunrevisi dados Perda No 2 Warsa 2019 bab pengelolaan sampah rumah tangga lan sampah jinising sampah rumah tangga. Wontenipun Perda kasebut pengelolaan sampah dados kuwajiban masyarakat. "Mapinten-pinten wekdal ingkang rumiyin dipunwontenaken karnaval busana daur ulang ingkang ngemutaken kita menawi sampah ugi gadhah potensi. Salebeting pembinaan bank sampah wonten Kab. Bantul sampun dipunlampahi evaluasi saha paring apresiasi supados masyarakat nyengkuyung anggenipun ngupakara sampah." aturipun.

 

Nalika pangarsa Dinas Lingkungan Hidup kab. Bantul Ari Budi Nugroho, ST, MSc ing laporanipun ngendika menawi lomba bank sampah ingkang katindakaken tanggal 6-7 Agustus kasebut sampun dipunverifikasi mila angsal kejuaraan 2 kategori. Kategori kapisan inggih punika bank sampah pemula (yuswa3 warsa) juara kapisan Berkah Watu Argomulyo (BWA), juwara kaping kalih Subur Makmur, juwara kaping tiga Becik Resik, saha Randumas, Migunani lan Remaket dados juwara harapan. "Paring bebingah saking 13 motor roda tiga lan 26 gerobak sampah dhateng 13 kelompok pengelola mandhiri saha 200 tong sampah dhateng sekolah, desa, dhusun, kecamatan saha OPD." aturipun.

 

Bupati ngajeng-ajeng salebeting acara  penghargaan lomba bank sampah tingkat kabupaten lan sarpras pengelolaan sampah kasebut saged ndamel lingkungan pagesangan ingkang tansaya sae.

Berbagi:

Unggahan Anyar :