Gubernur DIY Sri Sultan Hamengku Buwono X Ngresmikaken RSU UII wonten Pandak Bantul

Diskominfo - Gubernur DIY Sri Sultan Hamengku Buwono X, ngresmikaken Griya Sakit Universitas Islam Indonesia wonten Pandak Bantul. Kepyakan ageng utawi grand opening RS UII dipunrawuhi Forkopimda DIY, Wakil Bupati Bantul sareng OPD terkait, badan wakaf UII, Civitas Hospitalia, lan sacacah dhayoh undhangan. Slasa (24/9).

 

Miturut Direktur Utama RS UII dr. Widodo Wirawan, M. Ph. salebeting laporanipun ngendika, griya sakit punika sampun nglampahi soft opening wiwit 10 Februari 2019, sadangunipun kirang langkung 7 sasi RS UII punika sampun nglayani 10000 pasien lan sampun nglayani lairan bayi sakathah 175.

 

"RS UII wonten ing tlatah Kabupaten Bantul kanthi semboyan 'Unggul dalam pelayanan lan keramahtamahan prima, utawi Leading Service and Excellent Hospitality, kanthi ancas kangge ngajengaken kwalitas lan kenyamanan layanan, saha nyamektakaken fasilitas pengobatan, penunjang kasarasan kangge sedaya kalangan saha regi ingkang karanggeh," tembungipun.

 

Langkung lajeng piyambakipun ngendika, RS UII punika dipunbangun wonten ing  lahan sawiyar 2,8 hektar kanthi total bangunan 2,4 hektar ingkang madeg saking 6 jogan, 105 sampun dipunbikak kangge pelayanan wonten awal kanthi total perencanaan 265 kamar madeg saking instalasi gawat darurat saha kamar operasi emergency, fasilitas layanan intensif madeg saking 15 bed kelebet layanan intensif anak. "Wondene Poliklinik madeg saking 24 ruang kanthi 75 dokter spesialis, wonten kamar saking kelas III saregi 75 ewu rupiyah ngantos kelas suite saregi 900 ewu rupiyah kelebet kaping 3 dhahar menu," terangipun.

 

Wonten bab ingkang narik kawigatosan dr. Widodo aturaken, menawi wiwit kepyakan ageng RS UII punika ngantos akhir warsa, pangangge layanan pikantuk promo akhir warsa kados pindhah kelas kamar gratis, nyedhiyakaken layanan dokter spesialis lan konsultasi gratis ngantos promo antar-jemput, rawat jalan lan rawat inap ing tlatah sa-Yogyakarta.

 

Salebeting amanatipun, Gubernur DIY Sri Sultan Hamengku Buwono X, pamarintah dhaerah paring apresiasi sanginggil-inggilipun dhateng kulawarga ageng UII amargi ide lan prakarsanipun ambangun griya sakit kanthi layanan lan fasilitas mewah mawi regi ingkang kajangkau, piyambakipun ugi ngajeng-ajeng kolaborasi antawis metode pengobatan modern lan pengobatan tradisional.

 

"Mugi-mugi kanthi dipunbangunipun griya sakit punika, nambah gampilipunn layanan kesarasan masyarakat, sukses kangge RS UII," aturipun.

Berbagi:

Unggahan Anyar :