Mesthikaken Kawontenan Bahan Pokok, TPID DIY Monitoring Sawilangan Peken ing Bantul

Diskominfo - Sampun ngrupikaken tuntutan, masyarakat saben ramadhan panyuwun badhe pangan meningkat, panyuwunan bahan pangan ingkang matikel menika mesthinipun kita sedaya dipunsikapi kanthi positif, boten ateges masyarakat muslim ingkang siyam punika jor-joran (langkung-langkungan) ing bab dhahar ananging kedah dipunsikapi ingkang nembe ngrahabi ramadhan menika, kangge nyaosaken dhaharan ingkang nyamleng dhateng tanggi tengen kiwanipun, dhateng peputra kaliyan takjil, bikak sesarengan.

 

Bab punika diaturaken dening Asisten Perekonomian lan Pembangunan DIY Drs. Trisaktiyana, M.Si. Salebeting monitoring regi kabetahan baken sareng Tim Pengendali inflasi Daerah (TPID) ing peken Bantul. Rebo (15/5).

 

Salajengipun Trisaktiyana ngendikakaken, saking pemantauan peken katingal menawi saperangan komoditas dhaharan minggu menika minggah kados bawang, ananging wonten dinten menika regi bawang ing peken Bantul sampun dipunsade kanthi regi Rp. 30000 - Rp. 35.000 rupiah saking saderengipun Rp50000- dadosipun sampun normal kondur. Ugi mboten wonten kawisan uwos, lisah goreng, glepung terigu, gendhis sae amargi Bantul kagungan Pabrik gendhis Madukismo.

 

"Satleraman Bantul cekap ing pangan dipunjamin kanthi sae, manjing Idul Fitri kajawi pangan ingkang kedah dipunwaspadani punika transportasi lan energi, terkait Bahan Bakar Minyak (BBM) kedah dipunpesthikaken kacekapan saha koordinasi Pertamina, " atur Trisaktiyana.

 

Sawetawis punika Bupati Bantul Drs. H. Suharsono ing sambutanipun, kanthi asma pamrentah Daerah Kabupaten Bantul nyaosaken apresiasi ugi sugeng rawuh dhateng sedaya TPID DIY ing Kabupaten Bantul. "Kula nyawang menika wujuding komitmen TPID DIY ingkang lajeng koordinasi saupakara intensif saperlu ngawal gayuhing inflasi ingkang andhap ugi stabil ing DIY, inflasi ingkang dipunkendhalikaken arupi satunggaling syarat nggayuh tuwuhing ekonomi ingkang stabil, kamangka punika dados peran ugi tanggungjawab sareng kangge ngreksa ugi ngendhalikaken inflasi dados mboten kedadosan mandhapipun dayaning ekonomi masyarakat," tembung Bupati.

 

Nangani inflasi tembung Bupati, namung mriksani ing peken kedah dipunowahi ugi dipunmiwiti saking sektor produksi, TPID mboten pareng namung ngrembag regi ananging mboten nyentuh panyebabing indhak-indhakan regi, kangge punika TPID kedah makarya saking hulu dhateng hilir." Kangge ngaranggeh ancas mulya ngendhalikaken inflasi kasebut, kedah asring mandhap lapangan saengga regi kabetahan baken ugi komoditas strategis sanesipun, saged dipunkendhalikaken dados saged nyekapi kabetahan  masyarakat, " minggahipun.

 

Bibar pemaparan dipunlajengaken monitoring regi daging lembu saha bahan baken sanesipun ing peken Bantul, rombongan TPID DIY salajengipun nglajengaken monitoring ing kawasan Kretek gina monitor cekapipun stock brambang.

----------

 

Berbagi:

Unggahan Anyar :