Peran Wigati Penanganan Pengaduan kangge Paladosan Publik ingkang Langkung Sae

Diskominfo – Kangge Mujudaken Paladosan Publik ing Indonesia ingkang gadhah kualitas lan adil kangge sedaya masyarakat, Dinas Komunikasi lan Informatika sareng kaliyan Organisasi lan Tatalaksana Sekretariat pamrentah Daerah Kabupaten Bantul, nggelar Sosialisasi Sistem Informasi paladosan Publik Nasional (SIPPN) ugi Sistem Pengelolaan Pengaduan Paladosan Publik Nasional (SP4N) kangge Admin Lapor Bantul ugi sawilangan OPD ing Gedung Mandala Saba Parasamya. Slasa (21/5).

 

Wakil Bupati Bantul H. Abdul Halim Muslih ing sambutanipun ngendikakaken, mekanisme pangastan pengaduan punika ruwang partisipasi masyarakat dados wujud pengawasan konstruktif ugi upaya mbangun kapitadosan masyarakat dhateng pamrentah. "Mekanisme pangastan pengaduan arupi piranti perlindungan kangge penyelenggara ladosan publik, kersanipun saged nyaosaken wangsulan prayogi dhateng kritikan utawi laporan masyarakat, " ngadika pak Halim.

 

Salajengipun panjenenganipun ngendikaka, mekanisme pangastan pengaduan ingkang integrasi  nasional dipunbetahaken kangge mbangun kasatuan pengelolaan kersanipun efektif, efisien ugi gampil, kangge masyarakat ugi kangge penyelenggara paladosan. "Mekanisme pangastan pengaduan integrasi nasional dipunbetahaken kangge mbangun kasatuan pengelolaan kersanipun efektif, efisien ugi gampil, kangge masyarakat kresaa kangge penyelenggara paladosan. Perkawis pengelolaan pengaduan samenika dereng terintegrasi dadosipun pangastan tindak parsial, kirang koordinir, kedadosan inefisiensi, ugi duplikasi," aturipun.

 

Ancasing SP4N: 1. Penyelenggara saged nglola pengaduan kanthi prasaja, enggal, tepat, tuntas, koordinir; 2.Penyelenggara nyaosaken akses kangge partisipasi masyarakat; 3.Ningkataken kualitas paladosan publik SP4N minangka sistem ingkang integrasi ing pengelolaan pengaduam kanthi berjenjang wonten saben penyelenggara ing kerangka sistem informasi paladosan publik.

 

Berbagi:

Unggahan Anyar :