Manjing pengetan dinten dumadosing kaping-188 Kabupaten Bantul, Bupati ngajak Ningkataken Paladosan Publik

Diskominfo - manggen ing Gedung Induk Parasamya, enjing menika Jemunten (24/5), Bupati Bantul Drs. H. Suharsono kanthi resmi launching kagiyatan pengetan dinten dumados kaping-188 Kabupaten Bantul. Acara kasebut dipundhatengi ugi dening wakil Bupati Bantul H. Abdul Halim Muslih, Asisten pamrentahan, Pangarsa OPD, Camat, Organisasi Masyarakat, Tokoh Masyarakat, Awak Media ugi tamu sedhahan sanesipun.

Bupati Bantul Suharsono ing sambutanipun ngendika, mboten dangu malih sedaya masyarakat Kabupaten Bantul badhe sesarengan mengeti dinten dumados kaping 188. Panjenenganipun kepengin, ing yuswa ingkang sampun dhiwasa menika, masyarakat ugi pamrentah Kabupaten Bantul saged mujudaken gegayuhanipun.

"Kanthi Tema Dinten Dumadosing Sinarengan Masyarakat, kita sedaya mujudaken Greget Makarya Mbangun dhusun Tumuju Bantul, resik, sehat, cerdas ugi sejahtera kawula ngajak dhateng sedaya jajaran Pamrentah Daerah kangge ngrapetaken barisan ugi cancut taliwanda nampilaken kinerja ingkang paling sae kangge nyaosaken paladosan publik ingkang prima, gina muujudaken masyarakat ingkang berdaya ugi mandiri nggayuh kasejahteran," ngendika Bupati.

Salajengipun panjenenganipun ngendika, Kabupaten Bantul samenika sampun ngranggeh apresiasi sae saking pamrentah provinsi saha pamrentah pusat, apresiasi kasebut antawisipun pangregen saking sistem akuntabilitas kinerja instansi pamrentah taun 2018 kanthi biji A saking Kemenpan RB. Bupati ngajak dhateng jajaran pamrentah Kabupaten Bantul kangge ningkataken ugi ngekahi capaian kinerja kasebut.

"Kawula ugi ngaturaken matur sembah nuwun dhateng sedaya elemen masyarakat ingkang sampun tumut mawi nyuksesaken pamungon ing Bantul, greget gotong royong ingkang ngrasuk jiwangga kita sedaya, kayektosaken saged ngaturi pikantuk ingkang maksimal dipunbanding kaliyan makarya piyambak-piyambak," ngandikanipun.

Seremoni panggebagan bende dening Bupati Bantul ingkang dipunwontenaken panjenenganipun rerangkening acara pengetan dinten dumadosing kaping-188 Kabupaten Bantul kasebut, Pangarsa Bagian Humas ugi Protokol Bantul Riswidodo, S.I.P., M.M., wonten kalodhangan kasebut maosaken Keputusan Bupati Bantul Nomor 341 taun 2019 bab pambentukan Panitia pengetan dinten dumados kaping-188 Kabupaten Bantul 2019.

Maneka acara manjing dinten dumados Kabupaten Bantul ing tanggal 20 Juli antawisipun: sarasehan tingkat kecamatan sa-Kabupaten Bantul, sarasehan Tingkat Kabupaten Bantul, ngresmikaken proyek-proyek, ziarah datheng pasarean mantan Bupati Bantul, silaturahmi mantan Bupati ugi wakil Bupati Bantul, turnamen antar OPD, lomba keresikan OPD/Kecamatan/dhusun, bakti sosial, pengaosan dinten dumadosing, ugi upacara dinten dumados.

Berbagi:

Unggahan Anyar :