Bantul Pikantuk Biji Madya salebeting Verifikasi Kabupaten Layak Anak Taun 2019

Kabupaten Bantul pikantuk biji madya kasil saking verifikasi Kabupaten Layak Anak dening Tim Verifikasi saking Kementrian Desa ingkang dipunpandegani dening dr. Ernanti Wahyurini ingkang ngaturaken bilih wonten acara pikantuk Verifikasi Lapangan Evaluasi Kabupaten Layak Anak ing Gedung Induk Lantai III Komplek Parasamya, Jemuah (28/6).

 

Rawuh ing kalodhangan kasebut wakil Bupati Bantul H. Abdul Halim Muslih, wakil pangarsa TP. PKK Kabupaten Bantul. Hj. Emi Masruroh Halim, unsur saking DIY, wakil OPD lan kecamatan saKabupaten Bantul.

 

Salebeting sambutanipun wakil Bupati Bantul ngendika menawi Kabupaten Layak Anak punika arupi ancas saha gegayutan kita sedaya. Pamrentah sampun paring anggaran saha nglampahi program kasebut kersanipun Kabupaten Bantul saged pikantuk biji ingkang sae saking tim evaluasi pusat ingkang sampun rampung dipunwontenaken ugi badhe dipunaparaken dening tim evaluasi ing acara menika.

 

Pramila peputra kita kedah dipunjagi dados generasi ing tembe mburi ingkang saras, cerdas ugi gadhah kararakter Indonesia lan saged ambangun nagari ingkang mumpuni. Dipunakeni miturut Pak Halim, Dinas dados leading sektoripun, ananging kedah dipunsengkuyung dening sedaya OPD, punika kanthi mlebetaken anggaran ingkang nyengkuyung Kabupaten Layak Anak ing Kabupaten Bantul menika. "Satunggaling tuladhan kadosta DPU nyamektakaken taman panggen dolanan lare ingkang aman lan nyaman, mekaten OPD sanesipun saged paring anggaran kangge nyengkuyung Kabupaten Layak Anak, amargi indikator-indikator ing OPD saKabupaten Bantul," pertelanipun.

 

Sawetawis saking tim verifikasi antawisipun dr. Ernanti minangka pangarsa tim, Ibrahim saking Kementrian Desa, Kesi lan Totok Suharto saking Kementrian Pemberdayaan Perempuan RI. Dokter Rini mertelakaken menawi kabupaten utawi kitha layak anak wonten 5 klaster ingkang kaperang saking 24 indikator saha 300 pitakenan ingkang kedah dipunwangsul.

 

"Kula taksih rumaos prihatin, atur Rini, menawi kathah bab ingkang dipunlaporaken ingkang mlebet dhateng tim verifikasi taksih dereng sami kaliyan kriteria, dene ingkang kula panggihi ing lapangan utawi ing 10 titik sample cekap sae. Sanajan mekaten kula enggal saged maringi biji Madya ingkang bijinipun antawis 600 700 dhateng Kabupaten Bantul minangka Kitha Layak Anak taun 2019 menika," aturipun.

 

Miturutipun prinsip saking Kitha Layak Anak punika gegayutan. Dene ingkang ndadosaken  gegayutan punika wontenipun Peraturan Kepala Daerah (Perda), profil, informasi layak anak ingkang sedayanipun dereng wonten, ugi partisipasi anak utawi forum anak ingkang kedah wonten ing tingkat kecamatan ugi dhusun. "Paringna kalodhangan lare kangge ngandika, kersanipun saged nyaosaken bab-bab gegayutan kaliyan pamungon putra," aturipun Rini.

 

Berbagi:

Unggahan Anyar :