2.Bupati: Ngebakaken Griya Layak Huni ing Kabupaten Bantul Kedah dipunpacu

Diskominfo - Kebetahan pokok utawi primer manungsa inggih punika sandang, pangan lan papan. Pramila kawontenan setunggaling griya tamtu punika satunggaling bab ingkang wigatos sanget / pokok ing pagesangan manungsa. Griya layak huni saged dados indikator tingkat kesarasan masyarakat. Menawi masyarakat saras, piyambakipun saged ngenyam pendidikan kanthi sae. Kanthi mekaten kwalitas gesang lan tingkat kasejahteraan masyarakat tamtu saya ningkat ugi, bab punika dipunaturaken bupati Bantul Drs.H. Suharsono ing acara panyerahan dana rencangan kangge peningkatan kwalitas griya boten layak huni wonten balai dhusun Poncosari Srandakan. Rebo (31/7).

 

Bupati ngendika, ngebakaken griya ingkang saras lan layak huni kedah terus dipunpacu. Pramila, pamrentah kabupaten Bantul lajeng gadhah komitmen paring pitulungan dhateng masyarakat supados saged ambangun kwalitas griya mila kepareng manggeni griya ingkang layak ing salebeting lingkungan ingkang saras lan aman.

 

"Punika bukti nyata, menawi kebijakan pamarintah kabupaten Bantul tansah kita arahaken dhateng bab-bab ingkang sesambetan kaliyan rakyat saestu perduli dhateng masyarakat. Bab punika ingkang tansah dipuntingkataken saben warsa, " atur bupati Suharsono.

 

Kula ngaturaken dherek bingah dhumateng bapak ibu warga masyarakat panampi bantuan program bantuan sosial kangge ningkataken kwalitas griya mboten layak huni. Mugi-mugi kanthi wontenipun program punika saged ngenthengaken bebanipun bapak/ibu nginggahaken kwalitas griya, supados bapak ibu kagungan griya ingkang langkung saras lan nyaman.

 

"Ginakaken bantuan punika kanthi sae, sampun ngantos dipunklentunaken. Kula tegasaken malih supados bantuan punika sampun ngantos malah dipuntumbasaken hp, kredit motor lan ingkang sanesipun amargi pamarintah kabupaten Bantul ngaturi bantuan kasebut gadhah ancas kangge dandosaken griya supados langkung layak huni lan saras kangge supados saged nginggahaken lan ngembangaken kwalitas gesang saben keluwargi lan mangsuli tantangan upaya ngentasaken kemiskinan kanthi terpadu lan sinambung wonten kabupaten Bantul, " tembungipun.

 

Bapak ibu kedah atur syukur amargi taksih kathah sadherek kula panjenengan ingkang dereng gadhah kalodhangan  kados punika. Kita rumaosi menawi APBD pamarintah kabupaten Bantul punika kewates, nanging ing ngajeng badhe teras madosaken tambahan panampi bantuan kangge ndandosi griya supados layak huni.

 

Bupati nambahaken, kawontenan rtlh ingkang dereng tertangani tamtunipun dados padamelan griya sareng. Menawi namung ngajeng-ajeng bantuan saking dana pamarintah mila mboten badhe cekap kangge rehabilitasi sadaya griya mboten layak huni ingkang wonten ing kabupaten Bantul. Pramila dipunbetahaken kolaborasi sesarengan, stake holder saha kapredulen saking masyarakat lan elemen ingkang sampun langkungmampu saha cancut taliwanda saking donya usaha kanthi kontribusi bantua dana corporate social responsibilityipun.

 

"Pungkasan, mboten kesupen kula nyuwun dhateng masyarakat, lurah lan camat, kangge fasilitisasi lan nggatosaken griyanipun wargi utawi tanggi ingkang gadhah griya ingkang mboten layak huni supados didata lan dipunlaporaken, " tambah bupati.

Berbagi:

Unggahan Anyar :