6.Pemkab Bantul Njurung Ngrembakaning Kerajinan Anyaman Deling

Ketatipun saingan produk kerajinan ing pasaran ndamel pamarintah Kabupaten (Pemkab) Bantul fokus kaliyan ngrembakaning usaha kerajinan. Kalebet kerajinan anyaman deling ingkang wonten ing madyaning masyarakat. Tamtu, pengembangan usaha kerajinan anyaman deling saged ningkataken masyarakat ingkang sejahtera.

 

Kamangka, supados kerajinan deling wonten kabupaten Bantul tansaya regeng. Pemkab Bantul njurung masyarakat lan para perajinipun kangge ngembangaken lan inovasi produk kerajinan anyaman deling. Pembinaan ingkang kontinyu inggih lajeng kalampahan dening perangkat dhaerah supados Bantul kagungan icon kerajinan anyaman deling ingkang mboten dipungadhahi dening tlatah sanes. Kados , ingkang wonten ing padukuhan Sabdodadi, Bantul.

 

Wonten kampung punika, langkung saking 20 ibu-ibu enem lan lansia ingkang kagungan kesagahan anyam deling. Lajeng, dipuntangsuli lan dipunleladi salebeting wadhah klompok Bambu Lestari. Aktivitasipun saged paring eksistensi dados kampung kerajinan deling.

 

Pembina klompok perajin Bambu Lestari, Samijo, 70 warsa, ngendika kagiyatan ingkang dipunlampahaken dening wargi masyarakat saged njagi stabilitas ekonomi kulawarga. Piyambakipun saben dinten mroduksi tampah, tambir, besek, tebok, papan woh, lan sanesipun kacocogaken kaliyan keahlianipun piyambak-piyambak.

 

"Kasil kerajinan saged dipunangge nyekapi kebetahan sadinten-dinten," tembung Samijo, Slasa (27/8/2019).

 

Ketua kelompok perajin Bambu Lestari, Sri Khotijah njlentrehaken, sadeyan kerajinan deling mboten prakawis. Amargi, wekdal punika sampun wonten pengepul ingkang rutin mendhet produk para perajin.

 

"Supados pasadeyan lancar amargi wonten pengepul ingkang tansah mendhet ing mriki," katranganipun Khotijah.

 

Sekretasris dhaerah Bantul Drs. Helmi Jamharis,MM ngendika, potensi kerajinan deling ingkang wonten ing kampung Sabdodati mboten lukar saking pantauan Pemkab Bantul. Mila, kawontenan perajin teras dipunfasilitasi salebeting ningkataken SDM lan kwalitas produk.

 

"Pemkab Bantul mawi Dinas KUKMP paring pandampingan usaha saha komunikasi kaliyan DIY kangge paring support," tembungipun Helmi.

Ngemut kathahipun panyuwunan kerajinan anyaman deling lan minimipun bahan dhasar deling. Perajin asring ngawontenaken bambu saking tlatah sanes kados Kulon Progo lan Temanggung.

 

"Kawontenan kerajinan anyaman deling punika tansaya ngiyataken posisi Pemkab Bantul lan tlatah DIY dados punjering kerajinan kanthi taraf nasional," atur Helmi. (source : timesindonesia)

Berbagi:

Unggahan Anyar :