9.Tapak Asma MOU dening Bupati Bantul Kaliyan PT. Angkasa Pura I

Bupati Bantul Drs. H. Suharsono napakasmakaken Memorandum of Understanding (MOU) GM Angkasa Pura I Agus Pandu Purnama mapan wonten ing Ros-In Hotel, Senen, (2/9).

 

Rawuh ugi salebeting acara kasebut Bupati Bantul, PT Angkasa Pura I (Persero), OPD terkait, PT. Sumber Inti, saha perangkat dhaerah lan camat se-kabupaten Bantul.

 

Kabag. Adm. Pamarintahan Jazim Azis, S.H. salebeting laporanipun ngendika  menawi workshop dipunajeng-ajeng pikantuk pamrayogi saking pasarta kangge finalisasi peraturan Bupati bab kerjasama dhaerah kab. Bantul. "Pangajeng-ajengipun saged ngoptimalaken pengelolaan potensi saha sumber daya dhaerah gina nginggahaken kasejahteraan masyarakat wonten kabupaten Bantul." aturipun.

 

Sawentawis Bupati Bantul salebeting sambutanipun ngendika menawi kangge nyamektakaken Yogyakarta Internasional Airport (YIA) supados pikantuk kawigatosan saking wisatawan Indonesia utawi mancanegara mila betah dipunrembakakaken malih. "Kalawingi saking Bappeda wonten mapinten-pinten ingkang badhe dipunrembyakaken, inggih punika kangge warsa 2020 potensi ingkang wonten ing Bantul mliginipun badhe dioptimalaken lan dipunkembangaken kangge narik kawigatosan wisatawan. Kados kula panjenengan mangertosi cacahing pelaku UMKM wonten ing Kab. Bantul wekdal punika langkung saking 34.000 lan saperangan ageng wonten antawisipun inggih punika usaha mikro lan alit ingkang dereng angsal pikantuk peken ingkang langkung wiyar. Amargi punika wontenipun kerja sama antawis Pemkab. Bantul lan PT. Angkasa Pura mugya mbikak peken enggal, saha miyaraken cakupan pemasaran kangge pelaku UMKM wonten ing Bantul. Bab punika tamtunipun sejajar kaliyan program Pemkab Bantul kangge ndadosi UMKM dados kekiyatan ekonomi dhaerah. Kawontenan bandara YIA inggih punika tantangan ngiras peluang ingkang kedah dipunoptimalaken. Sapunika kita saweg fokus nggarap inovasi-inovasi enggal wonten bidang pariwisata kangge ningkataken masyarakat ingkang sejahtera." aturipun.

 

Salajengipun GM Angkasa Pura I kaliyan Bupati Bantul kersa menawi bandara enggal kanthi kapasitas 20 yuta penumpang pikantuk peluang ageng. "Wiwit 6 Mei kalawingi sampun ngoperasikaken 14 movement pesawat kanthi mapinten-pinten rute lan wiwit dipunbangun kathah perusahaan penerbangan asing ngubungi Angkasa Pura I. Piyambakipun mboten malih transit wonten Singapura, nanging badhe langsung ndarat wonten YIA. Maknanipun peluang punika estu leres pisan kedah dipuncepeng. Kanthi dipuntapakasmakaken MOU punika kita ngajeng-ajeng wonten turunanipun mangke inggih punika kerja sama antar Dinas. Dinten punika kita nampi pegawai Angkasa Pura I sawentawis 300 pegawai. 70% pegawai ngakomodir dhusun terdampak lan kulon progo ingkang sampun wonten survey dening DPRD DIY. Perkawisipun inggih punika kathah dhaerah ingkang kagungan potensi nanging dereng dipunsiapaken. Mugi-mugi daya serap ugi asalipun saking Bantul, amargi kita nyedhiyakaken lahan wiyaripun 1.960m2 wonten ing area komersial, dedikasinipun kangge sedaya warga ingkang wonten ing DIY lan mangkenipun badhe wonten New Bringharjo dipuntampilaken wonten YIA." aturipun.

 

Acara dipunlajengaken kaliyan workshop kerja sama kaliyan narasumber Kabag. Otonomi & Kerjasama dhaerah Drs. Wahyu Krisnadi, M.M, lan Asisten Pamarintahan Kab. Bantul Dra. Sri Ediastuti, M. Sc.

Berbagi:

Unggahan Anyar :