11.Kementerian Perindustrian Pameraken Produk Unggulan Dekranasda Kabupaten Bantul

Diskominfo - Kementerian Perindustrian mameraken produk unggulan Dewan Kerajinan Nasional Daerah (Dekranasda) kab. Bantul ngranggeh Industri Kecil Menengah (IKM) mapan wonten Plasa Pameran Industri, Gedung Kemenperin RI, Jakarta, Slasa (3/9).

 

Pameran ingkang dipungelar dangunipun 3 dinten, 3-6 september 2019 kasebut dipunrawuhi Dirjen Industri Kecil, Menengah lan Kemenperin RI, ketua Dekranasda DIY utawi ingkang makili, saha jajaran Pangageng OPD kab. Bantul.

 

Kemenperin salebeting bab punika Dirjen Industri Kecil, Menengah & Aneka (IKMA) teras njurung pertumbuhan industri kecil & menengah kangge majengaken sumber ekonomi kaliyan nilai sade ingkang inggil. "Ing perkembanganipun kasil industri kecil lan kerajinan wonten Kab. Bantul sampun kathah dipunminati konsumen jawi nagari, mila sampun wajar kab. Bantul dados barometer perkembangan ekonomi wonten Yogyakarta." atur Dirjen IKMA Gati Wibawaningsih.

 

Gunggung 42 stand nampilaken pinten-pinten kerajinan, fashion batik lan non-batik, kajeng, logam, perak, anyaman, kulit, aksesori, saha dhaharan olahan salebeting kemasan. Dinas Koperasi, usaha alit, menengah, lan perindustrian kab. Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta nyerat, ngantos akhir warsa 2016, kawontenan industri mikro, alit, lan menengah wonten dhaerah saged ngrumesepi 95.164 tenaga nyambut damel. "Saking total sakathah 21.567 industri mikro alit ingkang wonten ing Bantul, saged rumesepi sakathah 95.164 tenaga nyambut damel," atur pangarsa Dinas Koperasi, usaha kecil, menengah (UKM) lan perindustrian Bantul Sulistyanta.

 

"Ing kalodhangan punika, kula ugi ngajeng-ajeng dhateng] sadherek-sadherek kangge teras nglampahaken panaliten lan ngembangaken desain produk-produk kerajinan lan produk kreatif sanesipun ingkang langkung berdaya saing." Aturipun Gati.

 

Sawentawis Ketua Dekranasda Kab. Bantul Hj. Erna Kusmawati Suharsono salebeting laporan penyelenggara ngaturaken menawi produk unggulan wonten kab. Bantul kanthi urutan paling inggil antawis sanes inggih punika mebel, batik, tatah sungging kulit, gerabah, lan kerajinan deling saben konsumen ingkang beda kanthi tingkatan pemasaran lebet lan jawi nagari (ekspor). "Ing ngajeng kita saestu menawi kawontenan produk unggulan wonten kab. Bantul saged dados pilar perekonomian.  Kanthi nindakaken lompatan saking perekonomian ingkang saderengipun ngandelaken sumber daya alam lan ngandelaken pertanian dados perekonomian ingkang dipunkridhakaken dening industri kreatif wonten era industri 4.0 (four point zero)."aturipun.

 

Pangajeng-ajeng Ketua Dekranasda kab. Bantul kanthi wontenipun event punika dados wujud ajang promosi, nginggahaken lan nepangaken produk-produk lokal dhateng khalayak wiyar. Produk unggulan kab. Bantul ingkang saya dipuntepangi, saha kagungan daya saing wonten Indonesia lan mancanegara mila potensi ageng salebetinging pengembangan sektor industri kecil & menengah.

 

Berbagi:

Unggahan Anyar :