Nepangaken Donya Bahari Dhateng Generasi Mudha, Dinas Kelautan lan Perikanan DIY Gelar Festival Budaya Bahari 2019

Diskominfo - Kangge nginggahaken tepang, ngertos lan sadhar generasi mudha lan masyakat dhateng sugihing kelautan ingkang wonten ing DIY, Dinas Kelautan lan Perikanan DIY nggelar festival budaya bahari 2019 wonten pasisir enggal Ngentak Poncosari Srandakan Bantul. Minggu (8/9).

 

Miturut Kadinas Kelautan lan Perikanan DIY Ir. Bayu Mukti Sasongko, M.Si salebeting laporanipun ngendika, kagiyatan festival budaya bahari punika dados satunggal upaya mujudaken visi Gubernur DIY inggih punika nyengkuyung abad Samudera Hindia kangge kamulyan martabat mwarga Jogja, dinten punika kanthi tema samudera masa depan bangsa.

"Lampahing Kagiyatan Festival Budaya Bahari 2019 punika madeg saking 8 kagiyatan ingkang nglibataken sawentawis 2000 tiyang. Kagiyatan FBB 2019 madeg saking lomba baita nelayan ingkang dipuntumuti dening 50 baita motor tempel, lomba pancing pasiran 300 tiyang, pameran lan bazaar produk kelautan lan perikanan madeg saking 50 stand, reresik pasisir ingkang dipuntumuti dening 600 pasarta, pit bahari dipuntumuti dening 300 pasarta pungkasan sosialisasi lan seminar budaya bahari dipuntumuti 200 pasarta," terangipun.

Ancas sanes dipunlaksanaken Festival Budaya Bahari 2019 inggih punika kangge nggali lan numbuhkembangaken raos tresna generasi mudha lan masyarakat dhateng maneka rupa sumber daya kelautan ingkang ngarah dhateng upaya panganggenan lan eksplorasi sumber daya kasebut kanthi lestantun, saha nginggahaken gotong royong kanthi integral antawis donya pendidikan lan masyarakat saha Pemda ngembangaken jiwa kebaharian, nginggahaken budaya dhahar ulam lan ngembangaken usaha perikanan lan kelautan.

 

Bupati Bantul Drs. H. Suharsono salebeting sambutan sugeng rawuh nyambut sae pagelaran festival budaya bahari punika, rawuhing wakil gubernur DIY Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo Paku Alam X tamtunipun mbekta makna piyambak, utaminipun lebeting mbangunaken sengkuyung wonten kalangan masyarakat pesisir kangge teras nyambut damel nginggahaken taraf kasugengan ingkang adhedhasar sumber daya lokal,

 

"Aktivitas para nelayan lan masyarakat pesisir tamtu mboten angsal dipunlepas ing segara, dados budaya ingkang sampun diwarisaken kanthi turun-temurun dening nenek moyang, kanthi dipunwontenakenipun festival budaya bahari 2019 punika, kula saestu badhe tansaya nresnani segara lan kekayaanipun mila tetep melek nguri-nguri lan kangge generasi saged pikantuk lapangan padamelan, nginggahaken income lan saking ngriku kula panjenengan saged gadhah ketahanan pangan lan gizi," aturipun.

Wonten sisi punika kula panjengan ugi kedah kagungan komitmen njagi lestantun tradisi gesangipun masyarakat pesisir, amargi punika kita kedah matur nuwun dhateng pemda DIY awit prakarsanipun salebeting panyelenggara Festival Budaya Bahari 2019, kanthi mapinten-pinten kagiyatan ingkang nginggahaken lan nepangaken kekayaan laut dhateng masyarkat, tamtu ngajeng-ajeng nginggahaken potensi pendapatan dhaerah mliginipun kangge nelayan lan masyarkat pasisir ingkang kagungan padamelan ing donya pariwisata.

Sawentawis punika Wakil Gubernur DIY Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo Paku Alam X, salebeting sambutan arahanipun, ngapresiasi ginelaripun Festival Budaya Bahari 2019 punika ingkang nyata dados setunggaling upaya mberdayakaken kemajengan Yogyakarta medal pengejawantahan nyengkuyung "Jogja Majeng Ngidul", ingkang angsal dipunartosaken pembangunan DIY badhe fokus ing pengembangan kesejahteraan tlatah pesisir, sapisan malih saking "Among tani tumuju sade layar" ngiras dados upaya ngembangaken potensi segara.

Piyambakipun kagungan pesen tansah jagi kelestantunan seganten kula panjenengan, sampun dados ayahan manungsa kangge ndamel kaendahan donya, njagi bumi supados dados papan ingkang prayogi dipuntinggali, salebeting konteks punika, tatanan hamemayu hayuning bawana angsal  dipunandhapaken dados hamemayu hayuning tirta (toya) lan hamemayu hayuning segara ingkang saged dipunartosaken menawi sadayaning manungsa kagungan kuwajiban kolektif kangge njagi kelestantunan sumber daya toya lan segantenipun. "Kula panjenengan sami kedah cancut taliwanda salebeting ikhtiar kolektif supados tirta lan seganten dados mitra manungsa, mila mboten ndadosaken mapinten-pinten bencana lan bebaya," tandasipun.

Berbagi:

Unggahan Anyar :