Bupati Bantul Drs. H. Suharsono kanthi resmi mbikak festival kali gawe ingkang mendhet tema "Sinergi Budaya, Semangat Milenial". Gelaran punika dipunwontenaken nalika tanggal 26-29 September 2019 wonten Komplek Peken Kebon Empring, Bintaran Wetan, Srimulyo, Piyungan. Kemis (26/9).
Rawuh ing festival punika, Bupati Bantul, staf ahli Gubernur DIY Bidang Ekonomi lan Pembangunan, pangarsa Balai Besar Wilayah Serayu Opak, Camat Piyungan lan Forkompincam Kecamatan Piyungan, Lurah Dhusun Srimulyo saha Komunitas Perduli Lepen saha Penggiat Wisata.
Miturut Paangarsa Bidang Operasi lan Pemeliharaan Balai Besar Wilayah Serayu Opak, Sahril, SP. SPDA., ing ruas kali gawe punika sampun muncul kasadharan masyarakat kangge sesarengan njagi lingkungan lepen mawi kelompok masyarakat. Peranan komunitas penggiat lepen wonten Indonesia dipunsengkuyung lan dipunkembangaken teras kanthi konsep gotongroyong networking lan sami-sami nyengkuyung.
Sahril ngajeng-ajeng supados festival kali gawe punika pikantuk ambangun sesambetan sae antawis stakeholder supados kita sami gadhah kesadaran, karakter ingkang positif lan networking. Kiyat antawisipun masyarakat penggiat lepen saking hulu, tengah, hilir lebet njagi kelestantunan lepen."
Ing salebeting sambutanipun Bupati Bantul ngendika, festival kali gawe inggih punika potensi lan peluang enggal lan tamtu mawon badhe nggadhahi multi efek ingkang luar biasa, punapa malih menawi kita saged ndadosaken kegiatan punika dados ikon kangge kali gawe mila saged narik kawigatosan wisatawan.
Miturut Bupati Bantul Pamarintah Kabupaten Bantul nyambut sae kanthi kebak pangrenggan kangge ngreksa kalajengan kagiyatan festival kali gawe sarta ing ngajeng festival kali gawe badhe teras dipunkembangaken mila dados setunggaling atraksi ingkang saged kagungan daya tarik langkung. Tamtunipun punika dados ayahan kula panjenengan sami kangge ngreksa langkung narik kawigatosan lan mbetahaken sengkuyungan mapinten-pinten pehak, kelebet masyarakat wiyar lan generasi mudha wonten ngriki.
Ketua Panitia Festival Kali Gawe, Hidayat Faisal Falah nambahaken, Festival kali gawe inggih punika festival ingkang perdana lan mugi-mugi ing warsa salajengipun badhe wonten malih festival kali gawe jilid 2 saha saged pindhah papan, amargi ngusung papan ingkang cocog kaliyan destinasi wisata ingkang wonten ing kali gawe. (Ang)